Wednesday, February 28, 2018

Tuladha teks wewaler basa jawa

Teks wewaler ora ulih nglangkahi gamelan
Nalika wonten kanca ingkang taken, “Kenapa tidak boleh melangkahi gamelan?” radi ewuh anggenkula badhe wangsulan. Awit, tamtunipun panjenengan sedaya inggih sampun sami priksa bilih kaprahipun para sepuh rumiyin menawi paring pitedah menika asring mawi cara ingkang boten wantah. Kalebet nalika kula piyambak nampi wanti-wanti saking simbah menggah awisan nglangkahi gamelan. Simbah namung ngendika, “Ora ilok!” nalika kulasuwuni priksa menapa sebabipun dene ngantos boten dipunkeparengaken nglangkahi gamelan. Ing wekdal candhakipun, nalika kepanggih kaliyan kanca ingkang kula-anggep langkung mangretos bab kabudayan, pitakenan “Kenging menapa boten dipunkeparengaken nglangkahi gamelan?” menika gantos kula suwunaken priksa dhateng piyambakipun. Sareng nampi pitakenan kula kala wau, jebul piyambakipun boten mbetahaken wekdal kangge bingung kados dene kula nalika nampi pitakenan ingkang sami. “Yen dudu awake dhewe sing ngeman, ngopeni, lan ngajeni, njur sapa sing arep gelem ngrumat gamelan?” mekaten wangsulanipun. Samenika sampun radi entheng. Liripun, sampun wonten pancadan kangge suka wangsulan dhumateng sok-sintena ingkang taken bab wewaler ingkang karembag ing nginggil. Menawi dipun-nalar, mila inggih leres. Sinten ingkang badhe saguh nguri-uri menawi sanes panjenengan lan kula? Sinaosa namung sa-nglangkahi, menika sampun saged kagolong tumindak ingkang nedahaken dhumateng akathah, bilih panjenengan lan kula tetela sampun boten eman dhateng bandha gadhahanipun piyambak. Mangka, kaprahipun, panjenengan lan kula menika asring nesu, gela, mangkel, kepara ngundamana, nalika wonten tiyang ingkang kumawantun nyenggol barang ingkang sanes gadhahanipun. Tuladhanipun, nembe pacaran, dereng dados semahipun kemawon, menawi dipunlirik tiyang sanes, kepeksa mencak-mencak, menapa malih menawi dipunjawil. Boten klentu menawi wonten unen-unen “sadumuk bathuk sanyari bumi”. Dados, menawi saking nalar-kula, wewaler bab nglangkahi gamelan menika boten jalaran menawi dipunterak, lajeng badhe murugaken sesakit utawi kadhawahan walat/bebendu. Nanging, langkung nandhesaken bilih tatakrama menika boten cekap dipunwucalaken mawi cara lesan. Mucal tatakrama menika inggih kedah mawi tuladha ingkang awujud tumindak. Sampun ngantos namung saged prentah supados sedaya tiyang menika nggadhahi tatakrama. Ugi sampun ngantos namung purun nglepataken asanes ingkang boten gadhah tatakrama. Nanging, inggih kedah saged suka tuladha, kados pundi caranipun ngajeni dhiri-pribadi. Mbokmenawi pemanggih menika wonten leresipun. Mugi-mugi


EmoticonEmoticon