Sunday, January 14, 2018

Pakaian Adat Pengantin Jawa Keraton Lengkap

Baju Adat Jawa
Ing wekdal punika. Kula badhe mbagikaken pelajaran babagan kelambi adat lanang ing jawa. Monggo dipunpirsani piyambak - piyambak
Peranganipun busana Jawi ingkang dipunangge ing Karaton Surakarta ing wekdal sakpunika, saking nginggil dumugi ngandhap kanthi urut kados ing ngandhap punika:
1.   Udheng
2.   Kulambi
3.   Sinjang /Dodot
4.   Setagen
5.   Sabuk
6.   Epek Timang lan Lerep
7.   Samir
8.   Dhuwung
9.   Cenela utawi selop

Ing salajengipun saben panganggen badhe ka-urutaken andharanipun, wiwit saking pangertosan, warni-warninipun, saha paugeran panganggenipun.

1. UDHENG
Cekok mondol kuncung

a.  Pangertosan Udheng

Udheng nduweni basa ngokonipun iket utawi dipunsebat blangkin sampun kantun hangagem. Basa kramanipun Udheng yaiku Dhestar , punika arupi ingkang dipunagem kangge nutupi sirah wong.
Udheng biasanipun didamel saking kain batik awujud pesagi, ingkang lajeng kalempit katata kawangun nganti njlimet supados rerengganipun tengen kiwe sami. Lajeng dipun jait miturut ukuranipun mustaka ingkang bade ngersakaken. Udheng piyambak saniki sampun kathah dipun sade wonten ing toko – toko.
Jaman bien tasih kalimrah udheng hanggenipun manggange dipun iras, tegesenipun iket ingkang ukuranipun setunggal kacu lajeng dipun ubed ubedaken kemawon nganti tata cara ingkang kalimrah. Sak sampunipun nembe pucuk – pucuke dipun tang sulaken nang sisih mburi ngisor sirah. Dene menawi sampun mbiten diagem lajeng dipun udari malih.

b.  Peranganipun Udheng

peranganipun udheng, cakrik sarta tegesipun:
1.     Kuncung
Kuncung Inggih menika awujud pucukipun iket, ingkan anggenipun wonten ngajeng ing tengah pas bathuk.  Kuncung menika namung wonten ing udheng cekok mondhol.
2.     Wiron
Wiron tegese Inggih menika bagianipun iket ingkang kaplui/kawiru cemeng warninipun, mapanipun wonten ngajengane udheng pas kiwe lan tengen sak nduwure alis. (ugi dipun sebat dhestar).
3.     Sunglon
Sunglon yaiku pinggiraning bathik ingkang dipunpapanaken sak nginggiling wiron.
4.     Kemadha
Kemadha Inggih punika pinggiraning bathik ingkang kapernahaken wonten kiwa tengenipun udheng.  Ingkang lancip menika kawastanan cakrik pangkur.
5.     Talingan
Talingan Inggih punika peranganing udheng sisih kiwa tengen ngandhap, radi melengkung supados trep mapan sak nginggilipun talingan.


6.     Modangan
Modangan Inggih punika namaning cakrik rerenggan bathik ingkang ing udheng mapanipun wonten sisih nginggil (nginggil rikma, wiwit saking ngajengan tumuju tengah, nginggil embun-embun).
7.     Mondholan
 Inggih punika peranganing udheng ingkang awujud bunder mandan lonjong radi gepeng lan manggone wonten sak mburine udheng ing tengah-tengah, trep nginggil githok.
8.     Pucuking Udheng
Ing sisih nginggil manawi wangunipun lancip punika dipunsebut cakrik perbawan (ingkang mangangge hanggadahi raos perbawa).  Dene manawi radi papak dipunwastani cakrik kasatriyan (ingkang ngagem hanggadahi raos Satriya).
Cakrik seratanipun sampun nedahaken wonten “Stopres” ingkang isen-isen sekar.  Utawi cakrik pangkur ingkang wonten untu walang.
Cakrik perbawan punika minongka dasaring dhestar rikala ageman taksih dados agemanipun Karaton Surakarta.

c.    Patrapipun Hangagem Udheng
Patrapipun anggenipun ngagem udheng kedah trep, mboten kenging miring, methongkrong menapadene Jeplak.  Kaangkah antawisipun alis kaliyan wironing udheng wiyaripun setunggal nyari.

d.   Filosofine Udheng
       Supaya menungsa iku nduweni pikiran kang kenceng, ora gampang goyah, mung amarga situasi utawa kahanan kang ora ndukung.


2.  KULAMBI  UTAWI  RASUKAN

a.  Pangertosanipun
Kados sampun ka-aturaken ing ngajeng, nilih busana Jawi ing Karaton Surakarta Hadiningrat punika Iyasanipun ISKS Paku Buwana III, hawit saking kedadosan wontenipun perjanjen Giyanti Ing warsa 1755 Masehi.  Ingkang salajengipun Iyasan punika ngalami ewah-ewahan sarta monceripun ewah-ewahan rikala Jumeneng dalem ISKS Paku Buwana IX saha ISKS Paku Buwana X.  gandheng punika naming winates bab rasukan/ageman adat Jawi ingkang limrah dipunagem priyantun kakung ing Surakarta wekdal sakpunika, inggih wiwit jumeneng-dalem Sawargi SISKS Paku Buwana XII, ingkang kaaturaken kados ing ngandhap punika.
b.  Wanguning Kulambi Utawi Rasukan
Miturut wangunipun, rasukan busana Jawi kakung, ingkang baku wonten warni kalih inggih punika Atellah kaliyan Beskap, menggah sanesipun hanjumbuhaken kaliyan dasaring kulambi sakawit inggih punika Beskap saha Atellah.
1)  Atellah
Ingkang dipun wastani Atellah makaten, awujud jas tutup.  Dados wiwit gulunipun, ing tengah katutup dumugi sak pangandhap.  Kancingipun wonten tengah-tengah wiwit sak ngandhaping Jangga sak pangandhap, biasane wonten 5 kancing utawi benik.  Dene sisih mburi sak ngandhap pengkeran dipun krowok, kangge ngetingalaken nyengkelit dhuwung

2)  Beskap
Beskap makaten wujud jas, gulunipun tutup kanthi kancing ing sisih tengah.  Dene kapernah jaja (dhadha) sak pangandhap katutup mawi tangkepan mangiwa, miring mangandhap.  Kancingipun kiwa sak pangandhap wonten tiga.  Dene sisih tengen jaja dipun pasangi kancing (benik) ugi cacah kalih mapanipun sami kaliyan kancing ing kiwa, minongka pasren.  Kadosdene atellah, ing wingking sak pangandhap pengkeran dipun krowok, kangge nyengkelit dhuwung.
3)  Sikepan
Sikepan makaten wangunipun sami kaliyan Atellah kanthi bikaan ing tengah, namung bikaanipun kadamel cupet, dados mboten saget katutup kakancingaken.  Ing sisih tengen bikaanipun dipun pasangi kancing, namung minongka pasren.  Ing perangan nglebet dipun agemi rasukan Rompi Pethak, gulon tutup mawi kancing sisih tengah sak pangandhap.  Sarehning agemanipun mboten saget kakancingaken, pramila manawi ngagem Rompinipun tartamtu ketingal.
4)  Langenharjan
Langenharjan punika satunggaling ageman ingkang kathah emperipun kaliyan busana modern Kados jas bukak.  Tegesipun sakngandhapipun gulu tutupipun jas kawalik kaprenahaken mangiwa lan manengen.
Kancingipun wonten setunggal menapa kalih.  Sanesipun pasren.  Ing sisih wingking sakngandhap pengkeran ugi dipun krowok.  Dene rasukan ingkang wonten nglebet wonten rangkep kalih.  Nglebet piyambak “Hem” lengan panjang kanthi gulonipun jejeg ngadeg manginggil (staande kraag) dipun paringi dasi kupu-kupu.  Nembe dipun rangkepi Rompi kancing tengah.
5)   Beskap Landhung
Beskap landhung punika wangunipun sami kaliyan beskap limrah, namung badanipun langkung panjang kados dene jas limrah.  Samanten ugi wingkingipun mboten dipun krowok, kajawi beskap landhung ugi wonten wangun atellah landhung.
Kajawi menika taksih wonten rerangkenipun ageman kasebat ing nginggil inggih punika ingkang dipunwastani”Kemejan” inggih punika rangkepaning gulon saha rangkepaning pucukan lengen, awujud kain pethak ingkang kajahit rangkep wiyaripun kirang langkung 5 Cm.  panjangipun kaukur sami kaliyan ubengipun gulon saha pucukan lengen.
6)   Taqwa
Taksih wonten malih ingkang perlu dipun mangertosi wontenipun ageman mligi kagem Ratu utawi Nata inggih punika busana Taqwa.  Busana punika Iyasanipun Kanjeng Sunan Kalijaga, mligi kagem para Nata.  Sak punika asring dipun agem dening ISKS Paku Buwana XIII arupi beskap, namung ing sisih ngajeng (jaja) tangkepipun panjang dumugi ngandhap.  Dene kulukipun kanigaran.

c.    Warnining Kulambi Utawi Rasukan
       Warninipun busana ing Karaton Surakarta kabentenaken antawisipun atellah kaliyan beskap.  Tumrap Atellah warninipun namung wonten kalih, inggih menika cemeng lan pethak.  Atellah punika kalebet ageman resmi Karaton Surakarta.  Dene beskap kalebet ugi ingkang landhung, ulesipun saget warni-warni, cemeng, abu-abu, kuning gadhing ijem, lan sanesipun.

d.   Paugeran Pangageming Rasukan
1)   Ing Karaton Surakarta
Sampun dados adat lupiya, busana punapa ingkang dipun agem manawi wonten ing pisowanan, saget kawuningan saking Serat timbalan-dalem.  Padatan dipun bentenaken antawisipun pisowanan ageng saha pisowanan padintenan utawi limrah.  Umumipun manawi pisowanan ageng punika warninipun cemeng.  Dene pisowanan padintenan warninipun merdeka.
a)   Pisowanan Ageng
-         Tumrap Para Santana Dalem Riya Nginggil sesebatan KPH, KP, KRA  agemamnipun sikepan cekak warni cemeng mawi rompi pethak. Udheng Jebehan, Dhuwung Warangka Ladrang.
-          Tumrap Abdidalem Bupati Sepuh Riya kanthi sesebatan KRAT agemanipun Sikepan Cekak warni Cemeng, Udheng Cekok mondhol Kuncung, dhuwung warangka Ladrang.
-         Tumrap para sentana dalem, abdidalem, bupati, bupati anom ingkang sesebatanipun KRMT, KRT, RMT, RT, agemanipun Atellah Cemeng mawi “Passan”, Udheng Cekok Mondhol Kuncung, Dhuwung warangka Ladrang, nganggar samir.
-         Abdi-dalem sanesipun  Panewu sak pangandhap, agemanipun Atellah Cemeng, Udheng Cekok mondhol mawi kuncung, dhuwung warangka ladrang, hanganggar samir.

b)   Pisowanan Padintenan
Ing pisowann padintenan, sadaya kemawon inggih putra sentana-dalem punapadene para Abdi-dalem, agemanipun beskap sauger mboten cemeng.  Kajawi ingkang kadawuhan mengku damel kadosta Abdi-dalem Juru Suranata, Ngulama, srabut agemanipun atellah pethak.

2)   Ing Sanjawining Karaton
Busana adat Jawi ingkang sami diagem ing sanjawining Keraton, limrahipun manawi wonten pahargyan mantu, tumbuk yuswa, supitan, layatan inggih punika beskap.
(Badhe kaaturaken mligi ing bab Busana Penganten lan Pahargyan)

3. SETAGEN

a.  Pangertosanipun Setagen
Setagen punika arupi pirantos kanggo ngencengaken tumempelipun sinjang wonten badan, supados ampun ngantos mlorod temahan udhar.  Setagen bakalanipun kadamel saking kain tenun kandel, benangipun tenun agal, mila radi kaken.  Wiyaripun setagen watawis 2 – 4 M(meter).  ulesipun warni-warni, wonten ingkang cemeng, ijem, pethak, naming sadaya wau mboten wigatos, jalaran mangenipun setagen punika badhe katutup kaliyan sabuk, wonten nglebet dados mboten ketingal saking njawi.

b.  Filosofi Setagen
       Nata awak supaya tegap lan santun anggone unggah-ungguh. Supaya dadi wong iku kudu tegap lan santun unggah-ungguhe.

4.  SABUK
Sabuk

a.  Pangertosanipun Sabuk
Sabuk punika ageman ingkang dipun angge nutupi setagen.  Dados manawi sinjang sampun dipun singseti, lajeng dipun sinseti malih mawi sabuk, supados setagen mboten ketingal.  Dados kadosdene pasren.  Kajawi punika sabuk mangkenipun ugi badhe dipun angge nyengkelitaken dhuwung ing sisih wingking.  Dados rehdene ageman rasukan ing wingking krowok, muga ingkang ketingal udu sinjang utawi setagenipun, ingkang ugi minongka kangge nyengkelitipun dhuwung.

b.  Jinis Sarta Cakrikipun Sabuk
Jinis sarta cakripun sabuk punika wonten tiga, inggih punika:
1)  Sabuk Cindhe
2)  Sabuk Tenunan
3)  Sabuk Celupan

c. Filosofi Sabuk
       Kudu bisa tekun makarya supaya bisa menuhi kabutuhan uripe. Mula manungsa kudu ubed supaya ora kerja tanpa asil.

5.  EPEK TIMANG LAN LEREP

a.   Pangertosanipun
Ingkang dipun wastani Epek menika awujud setut ingkang kadamel saking bakalan kain bludru, wiyaripun watawis 5 wonten CM, dene panjangipun watawis 120 – 150 CM.  kajawi saking bludru epek ugi ingkang kadamel saking bubatipun kapal (rambut jaran), rambut punapa dene surinipun.  Bongkotipun epek dipasangi “Timang” utawi Gesper ingkang dipun angge nyandhet ubetipun epek, sarta “Lerep” ingkang kangge nlesepaken tirahaning epek supados mboten kumlewer.
Timang (Gesper) sarta lerep, limrahipun kadamel saking “kuningan” kanthi rinengga ukiran.  Malah kepara ukiranipun wonten ingkang dipun tretes inten, barliyan, menapa dene selamaya.

b.  Warni – warnipun Epek
Limrahipun  Epek wonten tiga cacahipun, inggih punika:
1   Epek Polos
Epek punika kadamel saking bludru polos, ulesipun wonten ingkang warni biru, abrit, cemeng, wungu, lan sapanungalipun.
2   Epek Blodiran
Limrahipun epek punika kadamel saking bludru, lajeng dipun bolder mawarni-warni.  Wonten ingkang cakrik untu walang utawi ombak banyu, wonten ingkang arupi sekaran ron pakis.
3)  Epek Rambut
Inggih punika epek ingkang  kadamel saking bubatipun kapal (jaran) warni cemeng.

c.     Filososfi Epek lan Timang
       Epek: Supaya biso kerja kanthi sae kudu Epek (apek, golek, mencari) ilmu kang nduweni manfaat. Yen luru ilmu kudu taberi, titis, saengga bisa mahami kanthi jelas.
     Timang: Ilmu kang dientukake kudu dipahami kanthi jelas lan ora ana rasa samang.




6.   SINJANG / NYAMPING

a.   Pangertosanipun Sinjang
Sinjang basanipun ngoko Jarik utawi Jarit lan Sewek (jawi wetan), kramanipun inggil “Nyamping’.  Inggih punika arupi kain bathik ingkang dipun agem kanthi ka-ubedaken ing badan nutupi jaja sak pangandhap, dene watesipun suku ing nginggil polok.
Kain bathik ingkang ka-agem nyampingan utawi sinjang, saestu arupin wohing pangolah budi para leluhur linangkung run tumurun wiwit jaman mbien.  Kajawi cakrik ingkang rawit (njlimet) lan nengsemaken ugi caanipun ndamel igu rungsit kagarap kanthi njlimet, sabar , telaten, sarta nglampahi pinten-pinten tataran.

b.   Warninipun Sinjang
Sinjang limrah ukuran limrah watawis 110 x 260 cm.  sinjang Kampuh utawi Dodot langkung panjang katimbang sinjang limrah, inggih punika 4 panjangipun sinjang limrah.
Bab warnining sinjang manawi saperangan ulesipun cemeng, dipun wastani Latar Cemeng.  Dene saperangan ageng ulesipun pethak dipun wastani “Bledhak” utawi latar putih.

c.    Filosofi Sinjang
       Sinjang nduweni teges supados manungsa ora gampang serik marang wong liya. Yen ana perkara dirampungke kanthi cara apik lan ora grusa-grusu.

7. DHUWUNG UTAWI WANGKINGAN

a. Pangertosan
Dhuwung, basanipun ngoko keris, krama inggilipun wangkingan arupi wujud sanjata tumrap tiyang Jawi ingkang sanget adi luhung.  Kawastanan adiluhung amarji sak donya mboten wonten tandhingipun. Wiwit saking padamelanipun ingkang rungsit, rawit, kanthi telaten, sabar sarta eneping manah.

b.  Jinisipun Dhuwung Miturut Warangkanipun
Ing ngajeng sampun ka-andharaken bilih dhuwung manawi mboten kaginakaken kedah dipun lebetaken ing wadhahipun, inggih punika ingkang dipun sebat “Warangka”.  Dados saking njawi ingkang katingal naming wangunipun warangka, dene nglebetipun isi wilahan utawi keris.
Miturut wangunipun, warangko wonten warni kalih, inggih menika cakrik “Ladrangan” saha cakrik “Gayaman”
1)  Warangka Gayaman
2)  Warangka Ladrang

c.  Filosofi Dhuwung
        Maknane yaiku anggone nyembah Tuhan, manungsa kudu bisa ngungkurake godhaning setan kang ngganggu manungsa nalika arep nindakake kabecikan.

8.      CANELA

Canela yaiku selop utawa sandal kang dienggo kanggo alas sikil. Canela kuwi nduweni arti canthelna jroning nala.

Filosofi: Yen nyembah gusti Allah kudu saka lair nganthi bathin, pasrah ing njero ati marang kuasaning Gusti Allah.

Cekapn semanten pelajaran saking kula.muga muga saged dipun pundut manfaatpun. Mbok bilih wonten kirangipun anggene kula nulis nyuwun pangapunten lan nyuwun saranipun. Matur nuwun :D


EmoticonEmoticon