Wednesday, November 15, 2017

Contoh Teks Drama Singkat Basa Jawa Tema Guyonan


Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
        Ing wektu kiye, Aku bakal menehi contoh naskah drama singkat gaweane bocah lanang SMP 2 Maos. Naskah drama iki wes diuji coba kanggo ujian Praktek drama Bahasa Jawi. Kasile cukup apik amarga bocahe pada njiwani perane dewek dewek. Cerita ing drama iki kajupuk sangking pengalaman priadi bocahan dewek nalika SMP biyen. Monggo dipun simak



Sawijining dina ing kelas IX G bocah – bocah lagi pada nungguni gurun sing urung teka. Kahfi, Wawa, Fahmi, Sono, lan Alip lagi pada kandha – kandha ing jero kelas.
Kahfi     :” Jan , gurune iki neng di to? Kok ra teka teka,”
Wawa   :” Mbuh , aku yo ra ngerti,”
Fahmi   :” Yo wes, aku tak nyeluk gurune dhisik neng kantor,”
Sono     :” Weh weh , ra sah di undang lah gurune, aku tak tuku panganan neng kantin. Melu ra                              Lip?”
Alip       :” Yuh, aku yo mau urung mangan. Kencot kieh”
Sono     :”Ayuh cepetan (karo metu meng njaba)”

Sono lan Alip lunga menyang kantin . Ing kana dheweke lagi mangan jajan karo ngandani bocah bocah  nang jero kelas.

Sono  :”Lah wani njamin paling bocah  bocah nang kelas lagi pada nggarap PR. Kowe uwis Lip?”
Alip       :”Ya wis lah , bocah rajin kon. Wis yuh melbu kelas,”
Sono     :”Nko lah, gurune paling urung melbu kelas, esih nang kantor.
Alip       :”Kemesok koe lah!”
Sono    : “ Mengko gurune teka 15 menit maning ,”
Alip      :” Ya wis lah,”
        Pak guru sampun  mlebet kelas nanging Sono lan Alip tesih nang kantin karo mangan jajan. Dheweke malah pindah kantin karo nungguni gurune.
Pak Lugus              :”Assalamualaikum Wr. Wb. Anak-anak,”
Kahfi,Wawa,Fahmi      :”Walaikum salam guru-guru,”
Pak Lugus              :”ooh iya, Pak guru sampun ngendika saiki ulangan ya ?
Kahfi,Wawa,Fahmi      :”Nggih pak”
Pak Lugus              : “Lah niki onten bangku kosong ? pada neng di Fahmi ?”
Fahmi                 : ”Kula mboten ngertos pak. Cobi tanglet wawa,”
Wawa                  :”Iku Pak, Pada tuku panganan,”
Pak Lugus           :”Neng di ?”
Kahfi                   :”Biasa pak, pada tongkrongan nang warunge Bu Maarijem,”
Ali plan Sono           :”Assalamualaikum,”
Pak Lugus           :”Sekang endi kowe ? tes jajan yah ?”
Sono                    :”Anu pak. Anu.. anu……”
Kahfi                    :”Lah wis biasa pak. Palingan jajan,”
Sono                    :”Weh, aja kaya kuwe lah. Mateni batir kowe loh.
Fahmi               :”Bukane mateni batir Son, Tapi kowene sing wis keterlaluan,”
Alip                     :”Ya map pak lah, aku ngaku salah (njaluk ngapura marang gurune)”
Pak Lugus         :”Ya saiki kowe tak ngapurani. Tapi kowe ora ulih melu ulangan saiki. Kowe maring perpustakaan karo ngrangkum bab sing wis Pak guru wulang,”
Sono                  :”Lah aja kaya kuwe pak. Melas aku……..”
Alip                     :’Wis rapapa son, iki salaeh dewek .Dewek kdu bis tanggung jawab,”

   Akhire,  Kahfi, Fahmi, lan Wawa ulangan ning jero kelas. Sono lan Alip metu saking kelas lan janji ora bakal ngulangi maneh.

                                                *Bubar lan tamat*
          Cekap semanten teks drama basa jawa singkan gawean dewek. Nalika wonten kesalahan utawa kurang apik nyuwun pangapunten. Menawi panjenengan seneng monggo dipun share lan aweh komentar kangge apresiasi . Maturnuwun
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh 


EmoticonEmoticon